Senin, 29 Maret 2010

JANGKA JAYABAYA


1. Besuk yen wis ana kreta tanpa jaran 
2. Tanah Jawa kalungan wesi 
3. Prahu mlaku ing dhuwur awang-awang   4. Kali ilang kedhunge 
5. Pasar ilang kumandhang 
6. Iku tandha yen tekane zaman Jayabaya wis cedhak 
7. Bumi saya suwe saya mengkeret 
8. Sekilan bumi dipajeki    9. Jaran doyan mangan sambel 
10. Wong wadon nganggo pakeyan lanang 
11. Iku tandhane yen wong bakal nemoni wolak-waliking zaman 
12. Akeh janji ora ditetepi 
13. Akeh wong wani nglanggar sumpahe dhewe  
14. Ora ngendahake hukum Allah 
15. Barang jahat diangkat-angkat 
16. Barang suci dibenci  
17. Akeh manungsa mung ngutamakke dhuwit 
18. Lali kamanungsan 
19. Lali kabecikan     20. Lali sanak lali kadang 
21. Akeh bapa lali anak  22. Akeh anak wani nglawan ibu
23. Nantang bapa  24. Sedulur padha cidra   25. Kulawarga padha curiga
26. Kanca dadi mungsuh   27. Akeh manungsa lali asale 
28. Ukuman Ratu ora adil 29. Akeh pangkat sing jahat lan ganjil 30. Akeh kelakuan sing ganjil 
31. Wong apik-apik padha kapencil 32. Akeh wong nyambut gawe apik-apik padha krasa isin 
33. Luwih utama ngapusi 34. Wegah nyambut gawe 35. Kepingin urip mewah 
36. Ngumbar nafsu angkara murka, nggedhekake duraka 37. Wong bener thenger-thenger 
38. Wong salah bungah 39. Wong apik ditampik-tampik 40. Wong jahat munggah pangkat 
41. Wong agung kasinggung 42. Wong ala kapuja 43. Wong wadon ilang kawirangane 
44. Wong lanang ilang kaprawirane 45. Akeh wong lanang ora duwe bojo 
46. Akeh wong wadon ora setya marang bojone 47. Akeh ibu padha ngedol anake 
48. Akeh wong wadon ngedol awake 49. Akeh wong ijol bebojo 50. Wong wadon nunggang jaran  51. Wong lanang linggih plangki 52. Randha seuang loro 53. Prawan seaga lima
54. Dhudha pincang laku sembilan uang 55. Akeh wong ngedol ngelmu
 56. Akeh wong ngaku-aku 57. Njabane putih njerone dhadhu 
58. Ngakune suci, nanging sucine palsu 59. Akeh bujuk akeh lojo 60. Akeh udan salah mangsa 
61. Akeh prawan tuwa 62. Akeh randha nglairake anak 
63. Akeh jabang bayi lahir nggoleki bapakne 64. Agama akeh sing nantang 
65. Prikamanungsan saya ilang 66. Omah suci dibenci 67. Omah ala saya dipuja
68. Wong wadon lacur ing ngendi-endi  69. Akeh laknat 70. Akeh pengkianat 
71. Anak mangan bapak 72. Sedulur mangan sedulur 73. Kanca dadi mungsuh 74. Guru disatru 
75. Tangga padha curiga 76. Kana-kene saya angkara murka 77. Sing weruh kebubuhan 
78. Sing ora weruh ketutuh 79. Besuk yen ana peperangan 
80. Teka saka wetan, kulon, kidul lan lor 81. Akeh wong becik saya sengsara 
82. Wong jahat saya seneng 83. Wektu iku akeh dhandhang diunekake kuntul  
84. Wong salah dianggep bener 85. Pengkhianat nikmat 86. Durjana saya sempurna 
87. Wong jahat munggah pangkat 88. Wong lugu kebelenggu 89. Wong mulya dikunjara 
90. Sing curang garang 91. Sing jujur kojur 92. Pedagang akeh sing keplarang  
93. Wong main akeh sing ndadi 94. Akeh barang haram 95. Akeh anak haram  
96. Wong wadon nglamar wong lanang 97. Wong lanang ngasorake drajate dhewe   
98. Akeh barang-barang mlebu luang 99. Akeh wong kaliren lan wuda  
100. Wong tuku ngglenik sing dodol
101. Sing dodol akal okol 102. Wong golek pangan kaya gabah diinteri 103. Sing kebat kliwat 
104. Sing telah sambat 105. Sing gedhe kesasar 106. Sing cilik kepleset 107. Sing anggak ketunggak 108. Sing wedi mati 109. Sing nekat mbrekat 110. Sing jerih ketindhih 
111. Sing ngawur makmur 112. Sing ngati-ati ngrintih 113. Sing ngedan keduman 
114. Sing waras nggagas 115. Wong tani ditaleni 116. Wong dora ura-ura 
117. Ratu ora netepi janji, musna panguwasane 118. Bupati dadi rakyat 
119. Wong cilik dadi priyayi 120. Sing mendele dadi gedhe 121. Sing jujur kojur 
122. Akeh omah ing ndhuwur jaran 123. Wong mangan wong 124. Anak lali bapak 
125. Wong tuwa lali tuwane 126. Pedagang adol barang saya laris 127. Bandhane saya ludhes 
128. Akeh wong mati kaliren ing sisihe pangan 
129. Akeh wong nyekel bandha nanging uripe sangsara 130. Sing edan bisa dandan 
131. Sing bengkong bisa nggalang gedhong 
132.Wong waras lan adil uripe nggrantes lan kepencil  133. Ana peperangan ing njero 
134. Timbul amarga para pangkat akeh sing padha salah paham 
135. Durjana saya ngambra-ambra 
136. Penjahat saya tambah 
137. Wong apik saya sengsara 
138. Akeh wong mati jalaran saka peperangan 
139. Kebingungan lan kobongan 
140. Wong bener saya thenger-thenger 
141. Wong salah saya bungah-bungah 
142. Akeh bandha musna ora karuan lungane, 
akeh pangkat lan drajat pada minggat ora karuan sababe 
143. Akeh barang-barang haram, akeh bocah haram 
144. Bejane sing lali, bejane sing eling 
145. Nanging sauntung-untunge sing lali 
146. Isih untung sing waspada 
147. Angkara murka saya ndadi 
148. Kana-kene saya bingung 149. Pedagang akeh alangane 150. Akeh buruh nantang juragan
151. Juragan dadi umpan 152. Sing suwarane seru oleh pengaruh 
153. Wong pinter diingar-ingar 154. Wong ala diuja 155. Wong ngerti mangan ati 
156. Bandha dadi memala 
157. Pangkat dadi pemikat 158. Sing sawenang-wenang rumangsa menang 
159. Sing ngalah rumangsa kabeh salah 160. Ana Bupati saka wong sing asor imane 
161. Patihe kepala judhi 162. Wong sing atine suci dibenci 
163. Wong sing jahat lan pinter jilat saya derajat 164. Pemerasan saya ndadra 
165. Maling lungguh wetenge mblenduk 166. Pitik angrem saduwure pikulan 
167. Maling wani nantang sing duwe omah 168. Begal pada ndhugal 
169. Rampok padha keplok-keplok 170. Wong momong mitenah sing diemong 
171. Wong jaga nyolong sing dijaga 172. Wong njamin njaluk dijamin 
173. Akeh wong mendem donga 174. Kana-kene rebutan unggul
175. Angkara murka ngombro-ombro 176. Agama ditantang 177. Akeh wong angkara murka 
178. Nggedhekake duraka 179. Ukum agama dilanggar
180. Prikamanungsan di-iles-iles 181. Kasusilan ditinggal 
182. Akeh wong edan, jahat lan kelangan akal budi 183. Wong cilik akeh sing kepencil 
184. Amarga dadi korbane si jahat sing jajil 185. Banjur ana Ratu duwe pengaruh lan duwe prajurit 186. Lan duwe prajurit 187. Negarane ambane saprawolon 188. Tukang mangan suap saya ndadra 189. Wong jahat ditampa 190. Wong suci dibenci 191. Timah dianggep perak 
192. Emas diarani tembaga 
193. Dandang dikandakake kuntul 194. Wong dosa sentosa 195. Wong cilik disalahake 
196. Wong nganggur kesungkur 197. Wong sregep krungkep 
198. Wong nyengit kesengit 199. Buruh mangluh  200. Wong sugih krasa wedi 
201. Wong wedi dadi priyayi 202. Senenge wong jahat 203. Susahe wong cilik 
204. Akeh wong dakwa dinakwa 205. Tindake manungsa saya kuciwa
206. Ratu karo Ratu pada rembugan negara endi sing dipilih lan disenengi 
207. Wong Jawa kari separo 208. Landa-Cina kari sejodho
209. Akeh wong ijir, akeh wong cethil 210. Sing eman ora keduman 
211. Sing keduman ora eman 212. Akeh wong mbambung 213. Akeh wong limbung  
214. Selot-selote mbesuk wolak-waliking zaman teka. ||

======================================================================

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Berbagi hal yang positif, apapun bentuknya, adalah amal sholeh. Semoga ALLAH membalasnya. Amin.